Bocah-bocah padha nunggu rawuhe Pak yoto guru basa Jawa sing pinter banget ndongeng, emane wulangane Pak yoto mung seminggu sepisan iku wae wis jam sing pungkasan wancine bocah-bocah padha wis ngantuk, nanging Pak yoto ora kurang cara anggone narik kawigatene para murid, sakliyane ngajari basa lan nulis huruf Jawa dadi nyenengake mesthi ditambahi ndongeng bab wayang sing kebak tuladha. Bareng ngerti Pak yoto mlebu kelas murid-murid padha ngomong bareng kaya dikomando wae, ”Pak ndongeng Gatutkaca gugur!”, ana sing usul ”Anoman obong mawon Pak guru!”, aloke bocah-bocah kebak semangat, ”Sabar,…. sabar,…. ya cah bagus lan cah ayu, kabeh bakal entuk tanda tanganku”, wangsulane pak yoto karo mesem nirokake gayane selebrites sing lagi dijaluki tanda tangan penggemare kae.
”Dina iki aku ora arep ndongeng, nanging arep ngajak bocah-bocah plesir numpak sepur, sapa gelem melu numpak sepur?”, ”kula purun,… kula purun,… bayare pinten Pak?”, wangsulene bocah-bocah saur manuk rame banget. Sabar,… sabar,…. ngene rencanane, nanging sakdurung numpak sepur, aku arep takon dhisik, sapa sing wis nate numpak sepur, ayo ngacung?”. ”Kula sampun nate numpak sepur Prameks dhateng Jogya”, wangsulene Didik sajak bombong banget atine. ”Kula sampun nate numpak sepur Arga Lawu dhateng Jakarta!” wangsulane Edy karo ngguyu ngguyu pamer, murid liyane padha meneng, pancen bocah-bocah kelas siji Sekolah Dasar mau pancen isih akeh sing durung tau numpak sepur. Dumadakan Sawitri sing lunggguhe ana mburi dhewe mbengok: ”Kula sampun nate numpak sepur Kelinci wonten kampung”. Geeeer,….. bocah sak kelas padha ngguyu bareng, ”kuwi dudu sepur nanging kereta kelingci!”, wangsulane Pak yoto paring katrangan.
Pancen bener sepur iku akeh tunggale lan jeneng apadene jurusan lan jinise. Ana sepur penumpang kang tujuwane kanggo ngangkut penumpang uwong, kaya ta sepur sing jenenge Argo Lawu jurusan Solo Jakarta, sepur Pandan Wangi jurusan Solo Semarang lan sepur Prameks jurusan Solo Jogya kaya sing dicritakake Didik lan Edy mau, nanging ana uga sepur sing mligi kanggo ngangkut barang, kayata ngangkut BBM lan semen lsp. Sakdurunge ana sepur sing jaman saiki lokomotife nggunakake mesin disel nganggo BBM solar sing mesine rosa banget amarga bisa narik gerbong cacah sepuluh malah kadhang bisa punjul, nanging sakdurunge iku lokomotife mung saka mesin uap sing bahan bakare saka kayu obong. ”Sapa sing wis nate ngerti sepur sing lokomotife saka mesin uap?.
Kabeh bocah-bocah padha meneng ora ana sing ngerti. Pak yoto banjur nerusake critane, sedhela meneh ing kutha Solo bakal ana sepur lokomotife saka mesin uap, pinangka sepur pariwisata, bocah-bocah kabeh mengko bisa numpak kanthi tuku karcis sing regane murah. ”Benjing plesir datheng Jogya mawon pak guru ngiras pantes nonton Bonbin Gembira Loka”, penjaluking sakwenehing murid sing sajak kepengin banget numpak sepur mau. Pak yoto mung mesem, ngene ya cah bagus lan cah ayu kabeh, sepur sing bakal ana mau mung wates sepur pariwisata, jurusane ya mung cedhak-cedhakan wae yaiku antarane stasiun Purwosari tekan stasiun Sangkrah ngliwati rel sepur sakdawaning ratan Slamet riyadi. ”Bayare karcis pinten pak guru”, ”Wis pokoke murah banget, sing penting saben numpak sepur kudu tuku karcis dhisik amarga yen numpak sepur tanpa karcis bisa didenda karo pak direktur, eh,….. kliru sing bener pak kondektur”.
Bocah – bocah atine kaya selak kepengin meruhi sepur pariwisata sing jarene klebu sepur antik mau. Wis karcise murah bisa nyawang kaendahane kutha Solo amarga playune ora banter. ”Nanging isih ana siji syarate yen numpak sepur iku lo cah”, ”syarate napa pak guru?”, ”yen numpak sepur mau ora kena padha jajan!”, amarga sepur mau wis elik-lik marang sapa wae, nganggo swarane mesin sepur: Thut,…thut,… thut,….Jo jajan,… jo jajan,… jo jajan,…. jo jajan,…. Krungu wangsulane pak guru mau bocah sak kelas padha ngguyu lakak-lakak.